Naskah Drama “Apa Aku Kudu Nimbali Kowe Mbak?”
Unsur Intrinsik
a) Tema : Keluarga
b) Judul : Apa Aku Kudu Nimbali Kowe Mbakyu?
c) Paraga : Elvina => Ayu
Aulia => Sekar
Ramada => Roro
Imro’atul =>Bu Sri
Eka => Siti dan Harti
Melani => Iis
d) Setting : Omah Ayu, Omah Sekar, Warung Lesehan.
e) Alur : Maju
f) Amanat: Ana wektune sing katon ala asline becik utawa sing katon nyenengake asline
Sengsara. Seneng utawa susah tergantung saka awak dhewe nyikapine.
Apa Aku Kudu Nimbali Kowe Mbak?
Ayu ora seneng karo Sekar amarga dheweke mikir yen Sekar wis njupuk kabeh sing dadi duwenane. Dheweke nganggep Sekar wis ngerebut banda dunya lan keluargane. Bapake Ayu wis duwe bojo sadurunge nikah karo Bu Srine Ayu, yaiku Bu Srine Sekar. Akhire, bapake Ayu milih urip karo keluargane Sekar amarga mbah kakunge nulis wasiat yen mung ngekekno hartane marang putu sulunge. Lan saiki bapake Ayu wis seda.@ omahe Ayu
(hpne Ayu muni lan jenenge Iis ana ing layare)
Ayu :“ Hallo, Iis. Ana apa dhik?”
Iis :“ Hallo, Mbak. Bu Sri gerah. Bu Sri terus nimbali sampeyan. “
Ayu : “ Iya tah? Ing rumah sakit ngendi?”
Iis : “ Ora ing rumah sakit. Bu Sri ana ing omah,Mbak.”
Ayu : “ O yo wis. Aku mariki nang kono.”
(Ayu langsung budhal nang omahe Sekar. Wiwit Sekar ngerti yen Bu Srine Ayu lara, Sekar meksa keluargane manggon ing omahe. Bu Srine lan Iis gelem manggon ing omahe Sekar nanging Ayu ora gelem).
@ Latar Omah Sekar
Rewang : “ Ah, Mbak Ayu. “
Ayu : “ Mbak, apa Bu Sriku wis waras?”
Rewang : “ Ora usah khawatir, Mbak. Bu Sri apik-apik wae.”
Ayu : “ Lho, penyakite Bu Sriku ora kambuh tah saiki?” (bingung)
Rewang : “ Ah rupane mbak Sekar durung ngomong ning sampeyan?. Bu Sri sampun berobat ing Amerika lan penyakite ora mungkin kambuh maneh.”
(Ayu rumangsa dheweke dBu Srijuki adhike dhewe lan ngerasa murka.)
@ Ruang tamu Omah Sekar
Ayu : “ Dadi saiki kowe seneng? Kowe nipu aku supaya aku mrene.”
Sekar : “ Ora ngono, Ayu.”
Ayu : “ Huh! Bosok!”
Bu Sri : “ Ayu! Sopo sing awakmu celuk bosok? Sekar? Aja mbenci ing ora patut awakmu benci. Meleko Ayu! Nanng endi Ayu sing mbiyen ?”
Ayu : ” Slamet Sekar! Kowe wis ngubah Ibu lan Adhikku.”
(Ayu ngalih saking omahe Sekar.)
@ Warung lesehan
(Kaya biasane, Ayu kerja ing warung lesehan. Ayu dadi mikir apa sing diomongake ibune mau. Roro dan Siti –kanca kerjane Ayu- nyideki Ayu lan lungguh ing jejere Ayu.)
Roro : “ Mbak, kowe kenapa? Kok lesu?”
Ayu : “ Hm... Mboh.”
Siti : “ Mboh? Ayo talah, Mbak. Mbak ora kirane ngomong mboh yen ora ana masalah.”
Roro : “ Ya, Siti bener. Ah, apa amarga Mbak Sekar maneh? Kudune sampeyan ora nesu amarga masalah sing padha.”
Ayu : “ Kowe arek cilik, ora ngerti apa-apa.”
Siti : “ Ya,ya,ya, awak dhewe pancen arek cilik. Nanging arek cilik kaya awak dhewe bisa dadi sendenan kanggo wong gede kaya sampeyan.”
Ayu : “ Ya! Kowe iki!.”
(Roro ngadek lan mlaku nang lawang Warung lesehan, mbalikake tulisan ‘Buka’ dadi ‘Tutup’lan mlaku maneh nang kursine. )
Ayu : “Lapo kowe nutup warunge?”
Roro : “Aku ora iso ndelok mbak kerjo wektu atine sampeyan ora penak.”
Ayu : “ Kowe edan? Kowe gelem dipecat?”
Roro :” Luwih apik kilangan kerja ketimbang kilangan kanca, Mbak.”
Ayu : “ Aku dadi kepingin bebas kaya kowe.”
Roro : “ Ojo Mbak. Ojo dadi kaya awak dhewe.”
Siti : “ Sampeyan ngerti Mbak, mbiyen awak dhewe dudu kaya awak dhewe sing saiki. S iti sing kasar, Roro sing ora ngerti syukur.”
Ayu : “ Apa kowe ngawur, Siti?”
Roro : “ Ora, Mbak. Siti ngomong apa anane. Wektu itu ana wong wedok sugih ngomong marang awak dhewe. Dheweke ngomong, yen awak dhewe kudu bersyukur isih duwe keluarga sing. Yen kowe dadi aku, kowe bakal ngubah pikiran elek iku. Banda dunyaora bakal ana artine gawe kowe. Kowe bakal mikir yen sing paling penting yaiku keluarga .”
Ayu : “ Kayake sing diomongno wong wedok iku. Sekar uga nggarai lara atiku amarga ngerebut keluargaku.”
Siti : “ Ora, Mbak. Dudu Mbak Sekar sing ngerebut keluarga sampeyan. Nanging, sampeyan sing nggawe keluargane sampeyan ninggalno sampeyan.”
Ayu : “ Apa kowe saiki ngongkon aku manggon ndek omahe Sekar pisan?“
(Roro njupuk rubik tekan tas e.)
Roro : Rubik iki bakal nggawe sameyan bingung yen wernane morat-marit. Nanging yen sampeyan ngerubah wernane. . .” (Roro ngatur susunane rubik, saengga saben sisi nduweni werna sing padu.)
Roro : “ Dadi rubik iki katon apik. Sampeyan mung ngubah werna uripe sampeyan supaya dadi padu. Sawise, kelurgane sampeyan bakal utuh maneh, Mbak.”
(Ponsel Ayu muni tandane ana SMS tekan Sekar.)
‘Nemoni aku saiki ing warung ngarep kampus.’
@ Warung dekat Kampus Sekar
Ayu : “ Apa sing arep kowe omongno? Kowe wis duwe apa wae. Apa kowe durung lega? Brengsek!”
Sekar : “Apa kowe yakin yen aku sing brengsek? Oke, aku brengsek. Nanging yen aku brengsek, kowe luwih brengsek ketimbang aku.”
Ayu : “ Aku urip karo Ibu lan Adhikku 20 taun tanpa ana bantuan tekan liyane. Aku kudu kerja wektu umurku isih 10 taun. Nggantikake bapak sing direbut wong liya. Apakah iku sing jenenge brengsek? Terus, kowe iku apa?“ (Ayu ngelirik Sekar.).
Sekar : “ Dudu kaya ngono, Ayu. Apa kowe ora mikir yen uripku sengsara pisan?”
Ayu : “Ya ora mungkin kowe sengsara.”
Sekar: “ Kowe kliru yen nganggep uripku penak. Lair dadi sing orang dikarepake ora gampang. Apa maneh sing ora ngarepake iku wong tuwaku dhewe. Saben dina, Ibu ngilokno, nggepuki lan tau arep mateni aku. Aku eruh bapakku wektu umur 5 taun. Iku wae bapak ora nganggep aku anake. Bapak mesti nyeluk aku nggawe jenengmu Yen, aku ngilingake jenengku Sekar, bapak ngamuk.”
(Ayu meneng ora ngira yen Sekar uripe kaya ngono kuwi.)
Sekar : “Aku pingin kaya kowe sing duwe ibu lan adhik sing sayang karo kowe.” Ayu : “ Sepurane, Mbak..”
Sekar : “Wis lah, aku mung pingin kowe nganggep aku mbak. Dan sekarang jadilah kakak yang baik untuk Iis,Kau tau ? Dia sangat ingin memelukmu”.
(Ayu ngampiri Iis lan Ibu ngampiri Sekar.)
Sekar : “Ah, Ibu.”
Ibu : “Lair dadi sing ora dikarepake dudu berarti ora bisa duwe sing dikarepake.”
Sekar : “Ibu bener.”
Epilog:
Akhire, Ayu pindah menyang omah Sekar lan keluarga ikut urip bebarengan lan dadi keluarga sing harmonis.
By: Elvina
Tidak ada komentar:
Posting Komentar